LEGENDHA WANA KETHU LAN
WONOGIRI
Nalika
jaman krajaan Demak wonten sawijining resi sekti kanthi asma ki kesdik wacana.
Priyantunipun lenggah piyambakan wonten satunggaling guwa ingkang kalebu dalem
jajaran giri sewu. Giri punika dipun ubengi wana ingkang katha kaliyan
wit-witan kanthi ronipun ngrembuyung saha kahananingkang endah . boten kaget
manawi panguwasa demak nalika wektu punika ndadosaken minangka wana wisata ratu
saha panggenan kangge pados rajakaya, ing wektu2 tinemtu, karawuhan boyongan
ratu kanthi pangiring saha senapatinipun. Piyambakipun pados rajakaya ingkang
utama nggih punika kidang. Perangan kasil saking pados kidang kalawau wonten
ingkang dipun telasaken ing panggenan saha saperangan malih limrahipun dipun
asta kondur dhateng karaton. Patilasan panggenan kanggo seneng-seneng kalawau
ing pungkasanipun dados sawijining desa ingkang sapunika dipun paringi nama
desa seneng. Ingkang hanggadhai werdi panggenan kangge seneng-seneng. Ngantos
sapunika panggenan punika taksih wonten
Wonten ing sawijining dinten Raja Demak ngirim duta ingkang nama
Raden Panji kangge manggihi Resi Ki Kesdik Wacana. Lumantar dutanipun, raja
nyuwun dhateng Ki Kesdik Wacana supados Mbekta pinten-pinten kidang ingkang
badhe dipun dadosaken ingon-ingon wonten karatonipun. Ki kesdik Wacana nyagahi
panyuwunan kala wau. Kanthi kasektenipun KI Kesdik wacana nglebetaken
kidang-kidang kala wau dating bumbung, bolongan wonten pucuk pring kala wau
lajeng dipun sumpet. Bumbung kala wau lajeng dipunparingaken dhateng Raden
Panji kanthi piweling.
“Raden Panji, bumbung punika isinipun kidang-kidang ingkang
dipun kersakaken dening Gusti Prabu. Sengaja kula lebetaken dhateng bumbung
punika supados Raden Panji gampil anggenipun mbekta. Amargi lelampahan saking
mriki dhateng karaton lumayan tebih. Ananging panjenengan emut-emut piweling
kula, ampun pisan-pisan panjenengan mbikak bumbung punika ngantos bumbung
punika dumugi wonten ngajengipun Raja”.
“Matur nuwun bapa Resi, kula badhe ngemut-emut piweling kalawau”
ngendikanipun raden Panji kanthi agunging pakurmatan.
Wonten ing margi dhateng Demak, penggalihipun Raden Panji dipun
kebaki dening maneka warna pitakenan ingkang boten saget dipun wangsuli dening
Raden Panji piyambak.
Miturut panjenenganipun boten lemebet ing nalar bilih
kidang-kidang ingkang dipun kersakaken Gusti Prabu dipun lebetaken dhateng
bumbung. Punika sanget boten tinemu ing nalar. Sanadyan makaten, raden Panji
tetep emut dhateng piwelingipun Ki Kesdik Wacana supados boten mbikak bumbung
kala wau ngantos dumugi ing ngarsaniun Raja. Raden panji lajeng ngurungaken
niyatipun badhe mbikak bumbung kala wau.
Wonten ing margi, amargi sayah raden panji leren wonten wana
jati ingkang ketel. Nalika ngicalaken sayah kalawau, paningalipun raden Panji
terus ningali bumbung kanthi rasa ngungun. Amargi terus ningali bumbung
kalawau, lajeng raden Panji mbikak bumbung kala wau kangge magertosi isinipun.
Ananing nalika sumpet dipun bikak, Raden Panji kaget sanget ningali kedadosan
ingkang boten limrah. Kanthi ndomblong, sakala-kala saking bumbung kalawau
medal kewan alit ingkang sansaya dangu sansaya ageng. Nyata kewan-kewan kala
wau inggih punika kidang ingkang cacahipun 16 iji utawi 8 pasang. Lan sadaya
kanthi trengginas mlebet dhateng wana malih.
Raden Panji lajeng tangi saking kagetipun kalawau, lajeng
enggal-enggal lumayu dhateng wana kangge nggacar kidang-kidang kalawau ngantos
kopiahipun dhawah wonten siti. Ananging panjenenganipun boten nggatosaken
kedadosan punika. Sanadyan anggenpun nguyak kidang kalawau muspra. Sanget
anggenipun sedhih kaliyan getun raden Panji amargi grobohipun punika. Raden
panji among saget dhawah tundhuk isin kaliyan lemes. Boten ngertos badhe napa
malih. Badhe kondhur dhateng Demak ajrih kaliyan murkanipun Raja. Badhe wangsul
dhateng Pertapan Ki Kesdik Wacana ajrih dipun uneni.
Bejanipun Ki Kesdik Wacana ingkang sekti saget enggal ngertos
kadadosan punika. Awit saking punika Ki Kesdik enggal nusul. Wonten ing margi
anggenipun nusul Raden Panji, Ki Kesdik nemokaken kopiahipun Raden Panji
ingkang dhawah. Resi sekti punika ngendika, “duh bumi lan langit seksenana yen
wiwit dina iki papan iki tak wenehi jeneng WANA KETHU”. Ngantos sapunika
naminipun Wana Kethu. “wana” tegesipun alas lan “Kethu” tegesipun kopiah.
Boten dangu Ki Kesdik Wacana enggal nemu panggenanipun Raden
Panji. Ningali karawuhanipun Ki Kesdik Wacana, Raden Panji kaget sanget.
“Ampun Bapa, kula sampun lancang mbikak supet bumbung punika lan
ndadosaken kewan-kewan ingkang wonten bumbung medal sadaya. Sapunika kula
pasrah nampi paukuman saking Bapa Resi”. Ngendikanipun Raden Panji.
Mireng pangandikanipun Raden Panji, sang Resi rumaos welas
ananging ingkang lepat kedah nampi paukuman.
“Raden Panji, panjenengan mangertosi bilih sejatosipun
penjenengan punika sulihsalira saking raja ingkang sampun dipun paringi
welingan. Eman sanget panjenengan boten saget nindakaken welingan punika. Awit
saking punika panjenengan kedah pikantuk paukuman. Wiwit dina iki kowe aja
wujud manungsa, ananging kowe dadia kidang wulung sing nunggu alas iki”
pangandikanipun Bapa Resi.
Sabibaripun Bapa Resi ngucap kados makaten, sakala-kala donya
dados peteng dhedhet lan wonten langit kapireng suara gelap nyamber-nyamber.
Sadaya kados dados seksi punapa ingkang dados pangandikanipun Bapa Resi. Pancen
leres kadadosanipun. Sakala-kala Raden Panji ingkang asalipun manungsa malih
dados kidang lanang ingkang gagah sanget kanthi wulu wulungipun. Raden Panji
ingkang sampun dados kidang punika nangis lan timpuh wonten ngajengipun Resi
sekti punika.
“Pidana punika awrat sanget tumrapipun kula, Bapa. Mugia
panjenengan kersa ngicali”. Panyuwunipun kidang wulung kadadosanipun Raden
Panji. Ananging getun namung kantun getun, Raden Panji kedah nglampahi urip
enggal dados pangarsa pacangan-pacangan kidang ingkang riyin dipun iculi wonten
Wana Kethu.
Sasampunipun kadadosan wonten Wana Kethu punika, Ki Kesdik
Wacana minggah dhateng inggilipun punthukan alit boten tebih saking mriku.
Sasampunipun dugi wonten pucukipun punthukan punika, panjenenganipun pinarak sakedhap
kangge ngunguni kaendhahan alam sangandhapipun.
“punthukan iki endah banget. Mbesuk yen ana rejaning jaman,
punthukan iki tak wenehi jenen gunung Giri. Dene kali sing mili ana ing ngisore
tak wenehi jeneng kali wahyu (sapunika namanipun kali inggih punika kali
Bengawan Solo)”. Pangandikanipun Ki Kesdik Wacana.
Wonten ing sawijining dinten, Sinan Giri ingkang nembe
ngalembara dumugi wonten papan ingkang rumiyin dipun rawuhi Ki Kesdik Wacana.
Sami kaliyan Ki Kesdik Wacana, Sunan Giri ugi ngunguni kaendahan alas ingkang
wiyar sanget kaliyan papanipun ingkang kathah punthukan. Sunan Giri lajeng
ngendika “ mbesuk yen ana rejaning jaman, papan iki bakal tak wenehi tenger
WONOGIRI” Wono utawi wana ingkang tegesipun alas, dene giri tegesipun gunung.
Makaten panggenan ingkang gadhah alas ingkang ketel lan mawi gunung-gunung
punika ngantos samangke gadhah nama Wonogiri ingkang manggen wonten Propinsi
Jawa Tengah.
0 komentar:
Posting Komentar